Sopan-santun Dalam Bahasa Jawa (Sinau Ajar Micara)

Sopan-santun Dalam Bahasa Jawa (Sinau Ajar Micara)

Matur nuwun : digunakake ing paguneman kanggo nglairake rasa sukur lan panuwun.

Sugeng enjing : salam kang diucapake nalika ketemu kanca, sedulur, utawa sapa wae ing wayah esuk.

Nyuwun pamit : digunakake ing paguneman nalika pamit bali saka mara tamu.

Ndherek langkung : diucapake nalika mlaku ana dalan nuli nglewati wong kang lagi jejagongan.

Ndherek bingah : digunakake ing paguneman kanggo nglairake rasa melu senang/melu ngucapna syukur.

Sugeng rawuh : digunakake nalika mbageake tamu.

Nyuwun pangapunten : digunakake ing paguneman nalika njaluk pangapuro.

Sugeng sonten : salam kang diucapake nalika ketemu kanca, sedulur, utawa sapa wae ing wayah sore.

Ngaturaken kawilujengan :  digunakake nalika mbageake tamu.

Sugeng kondur :  salam kang diucapake nalika ana tamu kang mangkat mulih.

Nyuwun pangestu : diucapake nalika njaluk pandonga saka bapak utawa ibu.

Sumber : Haryono dkk. (2011). Sinau Basa Jawa Gagrag Anyar Kelas VI SD/MI. Yogyakarta : Yudhistira. Halaman : 3

#KataBijakWA
Lazada Malaysia

Subscribe to receive free email updates: