Kerinduan Seorang Ibu Pada Anaknya Saat Lebaran

Cerita Kerinduan Seorang Ibu Pada Anaknya Saat Lebaran

Alkisah, suatu ketika di suatu tempat Jawa. Di sebuah sudut rumah menjelang lebaran tiba.

Nang tengah lawang ana ibu, arane Bu Cici, ndempes, tanggane nyapa.

Tanggane : Sampeyan lagi apa yu ? Daning ndempes kaya kuwe ?

Bu Cici : Ora papa lagi pengin nang kene bae

Tanggane : Sampeyan tah kepenak yah anake pada sukses kabeh ana sing dadi Pejabat, ana sing dadi Dokter, ana sing dadi Direktur . Dadi angger pan bada kaya kiye ya ayem ora khawatir nyandang sing ora apik, kepokoh nyong kaya kiye boro-boro nggo badanan, puasa nganti rampung be untung

Bu Cici: Alhamdulillah yu, cuman sayang nyong ditinggal dewekan kaya kiye, mbiyen lagi esih ana bapane bocah tah mending ana sing kena diajak gendu-gendu rasa.

Barang pas malam Takbiran, Bu Cici kuwe lagi madahi beras pan nggo fitrah deweke, ana ponakane nggawa HP.

Ponakan : Budhe, kiye ana SMS saking Kang Draup ( sing dadi Dirjen nang Jakarta ) njaluk pangapurane pas bada pan silaturahmi maring menterine disit, jare angger nyandak ya bali, angger ora nyandak ya langsung bladas soale libure sedelat tok.

Mau sore kang Drais ( sing dadi dokter nang Bandung ) ya telpon jare njaluk pangapurane juga pas bada ora langsung balik soale bojone karo anake njaluk liburan disit maring Bali.

Lha kiye miki kang Indra SMS maning ( sing dadi Direktur BUMD nang Jatim) pan telpon maring Budhe, kiya budhe kang Indra pan ngomong.

Indra : Assalamu'alaikum Emak

Bu Cici : Wa'alaikumussalam warohmatullah, Indra sehat?

Indra : Alhamdulillah sehat Mak, aku njaluk pangapurane sing akeh ya Mak, pas Bada aku kudu silaturahmi maring Gubernur disit, bar kuwe ana acara meeting nang luar kota, Pangapurane yah mak ?

Bu Cici : Iya ora papa, Emak juga njaluk pangapurane sing akeh yaah, sing penting koen seneng emak juga melu seneng.

Bar ponakane lunga, karo madahi beras fitrah mau si ibu kuwe air matane netes pas krungu suara :

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar
Lailahaillallahu Allahu Akbar
Allahu Akbar Walillahil Hamd

Nang batine si ibu karo ndonga, " Ya Allah mugi-mugi putra-putrane kulo diparingaken kesehatan lan keselamatan perjalanan silaturahmine "

---------------ooOoo-----------------

Kweh Sedulur ...! Wong tua sing klopot getih, sangang wulan nggendong nang weteng, ngerawat dong sering meriang lagi cilik, wayah bada pengin kumpul karo anake be ora bisa. Anake luwih mentingna pimpinane, bos-e, karo anak bojone.

Wong tua cuma bisa nangis nggrentes nang pojokan umah, sing kaya kuwe be esih tetep ndongakna sing apik-apik nggo anake.

Mugi-mugi nyong sampeyan kabeh bisa dadi anak sing mbakti maring wong tua yah sedulur, Tulungu poma rong poma aja sampe nggawe atine lara maring wong tuane dewek khususe ibu ya sedulur.

#kerinduan seorang ibu pada anaknya

Lazada Malaysia

Subscribe to receive free email updates: